Sabtu, 24 November 2012

Sesorah

Umm sebenernya bingung mau post apaan.....
 satu menit...
dua menit...



lima menit ummm
Dan inilah sesorah basa jawa saya waktu maju penilaian Basa Jawa ..:D
(siapa tau aja bermanfaat)


Assalamu’alaikum  wr.wb,
ingkang pantes sinudarsana  Ketua Komite SMAN 1 Kebumen,
ingkang tansah  Kulo bekteni Bapak / Ibu Guru SMAN 1 Kebumen,
agunging pakurmatan konjuk dateng Bapak /Ibu para rawuh,
lan uga para pengurus  kegiatan kaliyan para siswa  ingkang kulo tresnani.
            Sumangga kita sareng- sareng dhereaken atur puji syukur wonten ngarsa  dalem Gusti Allah  ingkang Maha Agung. Ingkang sampun maringi rahmat , hidayah, inayah lan kesehatan dateng kula lan panjenengan sedoyo, sehingga kula lan panjenengan  saged makempal wonten ing adicara punika kanthi sehat, tanpa alangan  satunggal punapa.
            Para rawuh ingkang kinurmatan,
            Kulo ngaturaken agunging nuwun dumateng ketua panitia sarta pengurus kegiatan ingkang sampun nganakake acara Isra Mi’raj punika sehinga wonten ing enjang punika kita saged makempal supados mengeti dinten Isra Mi’raj. Mboten kesupen ,kulo aturaken nuwun sanget dumateng para rawuh ingkang sampun ngelonggaraken wekdalipun supados saged rawuh wonten ing kegiatan Isra Mi’raj punika.
            Wonten ing kegiatan Isra Mi’raj puniko, kita sareng-sareng mengeti dinten ingkang agung kagem umat islam khususipun. Wonten ing wekdal punika Nabi Muhammad SAW nampi prentah sholat gangsal wekdal, ingkang dipun lampahi dumugi sakmeniko dateng umat islam .
Saking wontenipun Isra mi’raj punika , kita sged ngangsu ilmu babagan Isra Mi’raj Nabi Muhammad SAW. Kita saged ningkataken keimanan kita dumateng Gusti Allah Ingkang Maha Esa.
Para rawuh ingkang kulo hormati,
Sumonggo kita ngeling-eling melih lumampahipun Nabi Muhammad saking Masjidil Haram dumui Masjidil Aqsha, ingkang dipun terasaken tumuju Sidratul Muntaha, supados narima tugas suci inggih punika shalat gangsal wekdal. Saking kadadean punika, sumonggo kito sareng-sareng mendhet hikmahipun. Saking lumampahipun Nabi Muhammad SAW, sumonggo kito sareng-sareng ngoreksi awake dewe, sumonggo kita ngapiki malih shalat kita. ingkang sHolatipun taksih wonten bolong-bolong, sumonggo dijangkepi utawi di apaiki malih shAlat kitA. Ingkang dereng rajin sholat sumanggi dirajinaken malih . Lan ingkang sampun rajin lan jangkep, sumonggo dipertahanaken lan ditingkataken malih keimanan kita dating Gusti Ingkang Maha Agung..
Mugi-mugi saking wontenipun kegiatan punika, kita saged lewih khusyuk malih  dateng Gusti Allah ingkang Maha Agung lan uga kita saged ningkataken keimanan sarta angsal ilmu ingkang bermanfa’at saking wonteipun kegiatan Isra Mi’raj punika.
Para rawuh ingkang tansah kinurmatan,
Cekap semanten atur kula, mbok bilih wonten klenta-klentu atur kulo, kulo nyuwun pangapunten. Nuwun.
Wassalamu’alaikum wr.wb      

Tidak ada komentar:

Posting Komentar